Sabtu, 04 April 2009

KALAM TANBIH

Gusti Alloh marang Rasullulloh utawa wakil-wakile, Gusti Alloh dhawuh mangkene : "Setuhune para manungsa kang pada janji karo sira Muhammad (utawa wakil-wakil ira) nyatane Guru Wasutah, iku sejatine janji karo Alloh,kekuasaane Alloh iku ngukuli kekuasaane wong ing alam donyo iki kabeh. Mulo sira kabeh aaja sembrono,sing sapa wange nulayani (ngrusak) ing janji, sengsarane bakal nampek ing awake dewe.
Angen-angen kanthi wening ing penggaleh koyo mangkono. Cilik bodho bias yaiku nyatane mung tansah temen-temen manut kang mumtun lahir lan batine Guru Wasitah ngepasake dhawuh Alloh ing Al-Qur’an dhuwur dhewe iku. Sing diparingi dhawuh Alloh dening Alloh, Gusti alloh dhawuh : “LAA RAIBAFIH” para manungsa sira kabeh ja padha mamang. “INNALLOHA LAA YUHLIFUL MIINGAAD” Gusti Alloh ora bakal nulayani ing janji, sing sapa temen bakal temu.

BISMILLAHIRROHMANIRROHIIM
“ALHAMDULILLAHI RABBIL NGAALAMIN WASHSHOLAATU WASSALAAMU NGALA ASYRAFIL MURSALIINA MUHAMMADIN SHOLALLOOHU NGALAIHI WASALLAM WA NGALAA AALIHII WA SHOHBIHII AJMANGIN AMMA BA’DU”
Para ahli ingkang sami mirsani ing maksud dhawuh-dhawuh Alloh, ingkang kaserat ing buku puniko, sedayakemawon kulo aturi ngangen-ngangen kanthi wening ing selebetipun penggaleh. Supados ing mengkenipun mboten klentu nggenipun nampi.

JEJIBAHANE MANUNGSA

Kita sami punika dipun titah dening alloh dados seliraning titah wujud manungsa, puniko dipun jejibahi dening alloh, puniko wajib kita ib kita bukteaken. Wondene menawi bangsa hayawan mboten. Bangsa hayawan betahipun naming mangan lan majang. Wondene jejibahane manungsa dipun titah ing ndonya, menggahipun alloh kados surahosipun dhawuh puniko “WAMAA KHOLAQTUL JINNA WAL INSA ILLAA LIYA BUDUUN”. Artosipun Gusti alloh dhawuh, para manungsa sira kabeh padha mengertiya, setuhune ingsun (Alloh) nitah ing alam donya wujud manungsa, iku ora ingsun utus apa-apa mung supaya sira padha nyembah marang ingsun. Nanging aja mung angger wae, cocokna ing maksude dhawuh ingsun iki : “WA’BUD RABBAKA HATTA YAKTIYAKAL YAQIN. Artine : Gusti Alloh dhawu, para m,anungsa sira kabeh mangka padha nyembah ing Pangeran ira, sihingga yaqin. Anadene kanga ran yaqin iku weruh kang temen-temen, nanging kanggo deleng dudu mata kepala iki, ananging nganggo “NGAINUL FIL QOLBI”. Paningal kang ana ing sajroning ati, arane yaiku Rasa. Sing nggoleki rasa, nyatane pangeran manggen ing sajroning rasa. Gusti Alloh ngukuhake ing surasane dhawuh iku : “IRJINGII ILAA RABBIKI”. Artine : Gusti Alloh dhawuh para manungsa, sira kabeh padha baliya marang Pengeran ira. Gusti Alloh ngukuhake dhawuh maneh kaya iki : “INNAA LILLAAHI WA INNAA ILAIHI RAAJINGUN”. Artine Gusti Alooh dhawuh para manungsa setuhune kita kabeh iku kagungane ingsun, supaya sira kabeh padha bali marang ingsun (Alloh). Ana dene manungsa diparingi ing jejibahan kaya mangkono iku, lamun anane manut ing dhawuh Alloh iki, cilik-bodho biso : “LAA BIWUSHULI ILAIHI ILLAA BIWAASITHOTIN”. Artine Gusti Alloh dhawuh, para manugsa sira kabeh ora bisa bali marang Alloh nek ora gelem golek Guru Wasitah. Nek ora gelem golek Guru Wasitah kepiye ? “MAN LAISA LAHU SYAIHUL WAASTHITOTI FASYSYATIHOONI SYAIHUHU”. Artine : Gusti Alloh dhawuh sapa monge ora manut ing dhawuh ingsun, nyatane golek Guru Wasitah, mangka wong iku, gurune syaiton, mula Gusti Alloh ngukuhake supaya padha golek Guru wasitah, kaya wujude dhawuh iki: “UTHULUBUU SYAIKHOL WAASITHOTA FAHUWA BAYANA NGILAMAT TAUHIIDI WABAINAHU BAHRUN AU JIBAALUNNARI MATHLUUBUN”. Artine : Gusti Alloh dhawuh, para manungsa ira kabeh mangka padha goleka Guru Wasitah. Anadene Guru Wasitah nyatane salah sijine pitra wayahe nabi Adam. Kang Ingsun kersaake nerangake nyatane Ilmu Taukhid, ing Al-Qur’an diarani Isim Ghoib, ya surasane kalimah Hadits, ijma, qiyas. Lan diparingi murtabat patang perkara : 1. Mursidin 2. Murbihin 3. Nasihim 4. Kamilin. Anadene golek Guru Wasitah najan ulama ghedhe ya wajib golek anane Guru Waitah. Ngelingana sing wajibe mandhak muntun ing para manungsa golek Guru Wasitah. Dhawuhe Alloh, najan manggone Guru Wasitah iku karo sira kegangan segara, kegangan ing gunung geni, iku wwajib digoleki.

MANUNGSA MUTTAQIN

Sira kabeh pada mangertiya : Alam Donya iki, ya nyatane jagat saisine, iku diarani mahluq, ya aran hawadits (anyar), ya aran se. Ana mahluq iku kabeh rusak, fanak, sejatine ora wujud. “KULLU SYAIIN HAALIKUN”. Artine : Gusti Alloh dhawuh, donya sak isine ya aran mahluq (se) iku rusak, ora wujud “ILLA WAJHAHU”. Artine : Gusti Alloh dhawuh, ana dhene kang wujud mung sejatine dzate Pengeran. Mula sira kabeh temen, lamun ora bisa bali marang Alloh, nyatane bakal nglambrang ing alam fana (donyo) iki ing selawase-lawas. Anane mung susah, nelangsa kang ora ana gunane, iku nyatane bakal ngambrang ing alam fana’ (donyo) iki ing selawase-lawas. Anane mung susah nelangso kang ora ono gunane, iku nyatane bebendu kang sinangga.
Mula pumpung isih ana wektu, durung diurugi lemah ragane, padha enggal-enggal manut dhawuhe Alloh golek Guru Wasitah supaya padha bisa bali maring Alloh, bias mangen ing Alam Baqok (Darul Baqo’) tegese manggen ing alam (desa) kang langgeng. Temen-temen manut ing dhawuh Alloh iku, cilik-bodho, nyatane Ilmu Taukhid (Isim Goib): ya nyatane sirasane kalimah Hu, iku diarani Ilmu Seklimah : ilmu keslametan donyo akherat : ya diarani Ilmu Keslametan Pati. cilik bodho bias nyatane tumrap seklimah mung seklimah. Iku diwuruk diparingi ngerti panggonane. Misale Omah diparingi mangerti iki omahmu, panggonane ing kene iki. Sira langgengo ana ing sajrone omah iki, misale mangkono.
Mula temen, nek manut ing dhawuh Alloh, cilik-bodho bias. Gusti Alloh dhawuh ing Al-Qur’an, sing diparingi Hudan (tegese slamet donyo hinggo ing akherat) iku para manungsa kang pada percaya ing wujujude Ilmu Taukhid (Isim Goib) : ya nyatane surasane kalimah Hu kaya dhawuh iki nyatane :
(HUDAL LILMUTTAQIINA, ALLADZIINAYUKMINUUNA BILQHOIBI WA YUQIIMUUNASH SHOLAATA WA MIMMAA RAZAQNAAHUM YUNG FIQUN). Artine : Gusti Alloh dhawuh, para manungsa sira kabeh padha mangertiya, wujude pituduh ingsung paringake marang muttaqiin. Ana dene kang ingsun sebut muttaqiin, iku para manungsa kang pada percaya ya ing surasane kalimah Isim Ghoib, nyatane maksude Hu. (ALLADZINAYUKMINUUNA BILGHOIBI) ya diarani ilmu seklimah (Ilmu Taukhid), iya Isim Ghoib : diarani Ilmu Seklimah : ilmu keslametan pati, cilik-bodho bias. pada ngelingana mati iku patutan cilik, gedhe, tuwa, enom, patut. Mula golek ilmu seklimah keslametan pati, iku ya patutan (FAIDZAA JAA-A AJALUHUM LAAYASTAKHIRUNA SAANGATAN WA LAAYASTA DHIMUUNA). Artine : Gusti Alloh dhawuh, para manungsa sira kabeh pada mangertiya, lamun ajal pati iku wus ditetakake lan ora bisa ngajokake. Mula ayo temen-temen sakdurunge ajal pati teka, pada enggal-enggal golek ilmu seklimah, ilmu keslametan pati iku.
Ngelingana lamun ora bisa bali maring Alloh nyawane bekal ngambrang ing alam donyo (fanak) ing selawase-lawas lan diarani sasar (Anadene bisamu mangerti ing Isim Ghoib iku, buktekna dhawuh Alloh iki : (WABTAGHUU ILAIHIL WASIILAH). Artine : Gusti Alloh dhawuh, para manungsa sira kabeh pada goleko Guru Wasitah, ben mangerti kang ingsun kersaake surasane Isim Ghoib.
Lamun wus diparingi mangerti dening Guru Wasitah ing surasane Isim Ghoib, olehe ngangge cocoke dhawuh Alloh (Qul Hu) tegese : rina lan wengi melbune ambegan, supaya langgeng tansah dibarengi maksude Isim Ghoib (Hu), diarani panggah muhung taukhid ; tegese tansah mligi sing dirasa mung dzat kang wajib wujude kang aran (HAYYUN BILLAA RUUHIN BAL BIHAYAATIHI) ya surasane Isim Ghiob iku, kaya mengkono aja pisan-pisan benggang. Guru Wasitah kejaba aweh mangerti ing gatine Isim Ghoib lan cara-carane olehe nindakake, nuntun ngakeh-ngakehake tumindak sholat, lan ngakeh-ngakehhake gawe amal sholeh.

Jumat, 03 April 2009

ATINE WONG MUKMIN OMAHE ALLOH

Lan sira padha mangertiya para manugnsa kang pada percaya ing surasane Isim Ghoib (Hu), (ALLAZINA YUKMINUUNA BIL GHOIBI) wong sing padha percaya ing Isim Ghoib iku, lamun wong lanang percaya ing surasane Isim Ghoib kaya mangkono iku diarani mukmin lanang. Lamun wong wadon iku percaya ing surasane Isim Ghoib, iku diarani mukmin wadon. Ano dene lamun ora percaya diarani muslimun-muslimat ngono wae. Mula temen-temen nek mukmin mesti muslim, nanging nek muslim, during mesti nek mukmin. Mangka Gusti Alloh djawuh kaya iki : (QOLBUL MUKMININ BAITULLOH). Artine : Gusti Alloh dhawuh, ana dene atine wong mukmin iku omahe Alloh, tegese ati nggon ngataake ing Pengeran, dzate kang asma Alloh, mula Alloh diarani Isim Dzat, Isim maknane jeneng anan dene Dzat maknane jenggeleng. Ana dene kang kagungan jenggeleg iku Pengeran, surasane Isim Ghoib ngatane. Gusti Alloh dhwuh ing Al-Qur’an (INNALLOHA MANGANAA AINAMAA KUNTA). Artine Alloh dhawuh, setuhune Alloh iku awor karo rasa nira, ana endi nggon sira kabeh padha manggon, nanging dudu manggon ing bokong. Ananging nyatane langgeng mlebune ambegan dibarengi Qul Hu, tegese langgeng dibarengi surasane Hu diarani langgeng muhung taukhid (kang dirasa mung tansah dzat wajibul wujud, dzat kang wajib wujude.
Nocoki ing anane dhawuh Alloh : supaya para manungsa padha bali maring Alloh. Nyatane wong munggah haji iku bener sampurna, amarga wus tumeka ing Baitulloh, maknane wis teka ing omahe Alloh. Ayo padha digunakake pikire-rasa kita, iku nyatane isih Hajar Aswad : maknane isih watu ireng. Mula lamun diangen-angen iku Baitulloh, isih majazi : maknane omahe Alloh isih pola, nyatane isih watu ireng. Nanging pola iku penting, misale gawe klambi during ihli, dadi ndeleng pola (conto) iku penting lamun klambi wis dadi pola ora kanggo. Sakdurunge dadi deleng pola iku penting.
Ana dene manggone ana ing sak dhuwure Bumi Mekah (nek wayang krucil, Mekah diarani Negara puser-bumi) ing sak dhuwure iku disebut ana watu watu gumantung tanpa cantelan : aran Baitulloh maknane omahe Alloh. Rehne nyatane isih Hajar Aswad (watu ireng). Dadi kita wajib mangerti ing Baitulloh kang temen-temen. Ngelingana ing dhawuh Alloh supaya padha bali maring Alloh. Ana Baitulloh majazi iku isih keblate muslimin lam muslimat.
Mula sira padha mangertiya Gusti Alloh dhawuh marang muslimin-muslimat, kaya iki : (THOLABUL NGILMI FARIIDHOTUN NGALAA KULLI MUSLIMIINA WAL MUSLINAATIN ATLUBUL NGILMA MINAL MAHDI ILAL LADHI). Artine : Gusti Alloh dhawuh, golek ilmu iku ferdu nganti ngarepake ana ing luwang landak. Gusti Alloh dhawuh mangkono. Njur kita angen-angen mahluq ya nyatane donya sak isine iku rusak fanak ora wujud diangen-angen kanthi permati, dadi anane dhawuhe Gusti Alloh surasane kalimah Hu, tur nyatane sejatine kholiq. Lamun wis bisa dong, nyatane golek ilmu taukhid, njur wajibe digoleki ing endi panggonane Guru Wasitah. Iku sing di kersak ake deneng Alloh nerangake nyatane ilmu taukhid (Isim Goib). Lamun diparingi mangerti ing surasane Isim Ghoib (Hu) dening Guru Wasitah, iku percaya lamun lanang aran mikmin lanang, lamun wadon (YUKMINUUNA BIL GHOIBI), percaya ing nyatane surasane Isim Ghoib (HU), iku diarani mukmin wadon. Ana dene nggon percaya ana ing ati. Gusti Alloh dhawuh : (ULBUL MUKMINIIN BAITULLOH) maknane : atine wong mukmin iku omahe Alloh, tegese ati nggon nyataake ing sejatine Pengeran : dzate (jenggelege) kanga ran Alloh. Mmmula Alloh diarani isim dzat, (isim = jeneng ; dzat = jenggeleg).

DHELEGE ATI MANUNGSA

Nanging sira padha mangertiya ing anane dhawuh Alloh iku : (FA’LAM FALQOLBU QOLBAANI QOLBUSH SHONUUBARI ZULMANIYYUN WA QOLBU MA’NAWIYYU NUURANIYYUN). Artine : Gusti Alloh dhawuh, para manungsa sira kabeh padha mangertiya : dhelege ati iku ana warna loro :
1. Aran ati sanubari, sifat kahanane peteng. Iku kratone nepsu, kang dadi wadya balane syaiton. Sira mangertiya : (NGALAMU NAFSI DHULMATUM MAHDHUN). Artine : Gusti Alloh dhawuh, ngalame nepsu siji wae iku ngungkuli peteng dhedhete donyo iki. Lamun susunanane nepsu pitu iku diuji kabeh, berarti manggen ing peteng, diarani bergowong pitung dinapitung bengi. Temen lamun mangkono iku nyatane mung nuruti ing legane dhewe, nyatane ora manut dhawuhe Alloh lan ora manut ing dhawuh pemerintah. Lamu ngalami mangkono, iku kanggo ngilangi nyatane mung ilmu taukhid. Misale peteng : nggo ngilangi mung ilmu taukhid, iku wujud padang kang ngungkuli rahina.
2. Diarani ati maknawi kang sifat kahanane padang, manggon ing tengah-tengah dhadha, dhuwure puser : yaiku ati nggon yukminuuna bil ghoibi : percaya ing surasane kalimah Isim Ghoib (Hu). Kang diarani mungguhe Alloh (QOLBUL MUKMINIIN BAITULLOH) : atine wong mukmin iku omahe Alloh. Lamun wus mangerti isine langgeng Qul Hu.
Guru Wasitah nuntun ing ilmu lan amale, cocoke dhawuh Alloh ing Al-Qur’an kang dhuwur dhewe, mengguhe Alloh kang diparingi ing pituduh (hudan), kang mengku ing slamete menungsa donyo akherat. Kaya mangkono iku kena diarani ngambah ing ilmu kasampurnan pati, nyocoki ing dhawuh Alloh kaya iki : (WALLA TAMUU TUNNA ILLAA WA ANTUM MUSLIMUUN). Artine : Gusti Alloh dhawuh para manungsa, sira kabeh mangka padha mangertiya, sira kabeh aja pisan-pisan, mati wajib (nyatane diurugi ing lemah ragane), lamun sira kabeh during bisa pasrah.
Sira padha mangertiya wujud gleger ira iku ora mung rogo thok ya nyatane saka kumpule jasad, ati, roh, lan rasa. Iku wujud dadi titipan (geduhan), kaya ngono iku mujud dadi titpan mungghe kang titip cara ngopeni dhewe-dhewe kya ngisor iki penjelasane.

MANUNGSA KANG SAMPURNA

Sira kabeh padha mangertiya : Gusti Alloh nurunake Kitab akehe 104, iku nyatane mengku werdi gati werna papat : 1. Syare’at, 2. Tarekat, 3. Hakekat, 4. Ma’rifat. Ana wus werna papat iku mungguhe Alloh, minongko dadi resep ngopeni olehe titip nyatane werna papat iku. Pahaman ! kaya ngisor iki :
1. (ASYSYARINGATU FI’LUL JASADI FAQOD). Artine : Gusti Alloh dhawur, para manungsa, sira kabeh padha mangertiya kanga ran syare’at nyatane sahadat, sholat, zakat, poso, haji iku tata cara ngopeni jasad, ana utawa tumindak kang wajib nindakake jasad, ana dene wong munggah haji bola-baliya arane tetp syare’at, iku bener terang sampurna, nocoki dhawuh Alloh : supaya padha bali maring Alloh. Nyatane wong kang munggah haji wis teka ing Baitulloh : maknane isih (hajar aswad) maknane isih watu ireng, dadi terang angen-angen dithokkake iku terang omahe Alloh isih pola, nyatane isih watu ireng.
Ngelingi ing dhawuh Alloh supaya pada bali maring Alloh, kita wajib mangertiya ing baitulloh (omahe Alloh) kang temen-temen, mula sira padha mangertiya, kiblate baitulloh majazi. Omahe Alloh maknane isih pola (conto) nyatane isih (hajar aswad/watu ireng) iku, ana dene iku sampurna netepi rukun Islam lima, diarani muslimin-mislimat, rehne Baitulloh muslimin-muslimat iku isi majazi (pola), Gusti Alloh isih dhawuh ing muslimin-muslimat kaya iki : (THOLABUL ‘ILMI FARIDHOTUN NGALAA KULLI MUSLIMIIN WAL MUSLIMAATIN MINAL MAHDI ILAL LAHDI). Artine : Gusti Alloh dhawuh, golek ilmu iku ferdhu, mungguhe wong Islam lanang lan wong Islam wadon, awit songko bandulan, nganti ngarepake mlebu ing luang landak. Nanging padha mangertiya, jagat sak isine (donya) ya aran mahluk iku rusak fanak (ora wujud). Ana dene kang wujud iku sejatine among dzate Pengeran mula anane dhawuh Alloh golek ilmu iku ferdhu, iku sejatine golek ilmu taukhid, ing Al-Qur’an aran ilmu Isim Ghoib ya maksude HU, iku sejatine Kholiq.
Aja lali ing dhawuh Alloh, bisane mangertu ing Isim Ghoib, wajib golek Guru Wasitah, ing maksude Isim Ghoib, iku yukminuuna bil ghoibi (percaya ing surasane isim ghoib : HU). Lamun lanang diarani mukmin lanang, lamun wadon diarani mukmin wadon. Pangenan percaya iku ana ing ati, Gusti Alloh dhawuh : (QOLBUL MUKMININ BAITULLOH) maknane : atine wong mukmin, iku omahe Alloh, tegese ati anggon nyatakake ign Pengeran, dzat (gleger) kanga ran Alloh. Mula Alloh iku diarani isim dzat (Isim = jeneng ; dzat = gleger), dadi nyatane Pengeran iku dzate (gleger) diarani Alloh, iku pahamen temen-temen.
2. (WATHORIQOTU FI’LUL QULUB). Artine : Gusti Alloh dhawuh, ana dene kanga ran-aran tharekat iku tata carane ngopeni Ati utawa tumindak kang wajib nindakake ya iku ati, aran iman. Nanging ora kaya imane wong awam (umum) nyatane rina lan wengi, mlebune ambegan langgeng dibarengi HU (Qul Hu), iku aran panggah muhung taukhid, panggah langgeng ing anane ngrasa ing dzate wajibul wujud (dzate kang sejatine wujud). Temen ora mangerti, lamun durung manut ing dhawuh Alloh golek Guru Wasitah, nyatane ciri-ciri Guru Wasitah :
1.Salah sijine manungsa, kang dikersakake dening Alloh nerangake nyatane ilmu taukhid.
2.Pedoman Al-Qur’an hadits, ijma’ lan qiyas.
3.Diparing deing Alloh, nyatane werna papat : a) Mursidin, b) Murbihin, c) Nasihin, d)Kamilin.
Ana dene kaping telune sampurnane manungsa kaya ing ngisor iki :
3.(WALHAQOIQOTU FI’LUL RUUHI). Gusti Alloh dhawuh : ana dene kang aran haqeqat iku tata cara ngopeni roh, utawa tuminak, kang wajib nindakake yaiku Roharan taukhid. Nyatane rina lan wengi roh tansah jenggleng ngataake ing dzate (jenggelege Pengeran).
4.(WALMA’RIFATU FI’LUL SIRRI). Gusti Alloh dhawuh ana dene aran ma’rifat, iku tata cara ngopeni rasa, utawa tumindak kang wajib nindakake yaiku rasa : aran ma’rifat, nyatane rasa rina lan wengi, panggah jenggleg nyatakake ing sejatine Pengeran. Ana dene lamun wus yaqin (nyata), iku lagi bias buktek ake ing dhawuh Alloh iki : (WALAA TAMUUTUNNA ILLAA WANTUM MUSLIMUUN), KANG MAKSUDE : Gusti Alloh dhawuh : para manungsa, sira kabeh aja pisan-pisan mati wajib (diurugi lemah ragane), lamun sira kabeh durung bias pasrah. Lamun temen wis yaqin olehe ma’rifat maring Alloh : lamun temen wis yaqin olehe ma’rifat maring Alloh : raga ngrasa, temen obah osik iku ora darbeni. Weruh kang darbeni dipasrahake, iku diarani FAN AF’AL : kerana wis kerem Fi Af’alillah. Lamun wis temen-temen mongko, obah-osike raga iku mung tansah kanggo ing untunge masyarakat (tegese anane kanggo ing kebagusan). Kapindo aran FAN SIFAT nyatane : keduweanane rogo, kebisane raga kekuatane raga, raga ngarasa ora darbeni dipasrahake kang darbeni nyatane Pengeran. Kaya mangkono diarani FAN SIFAT sebab wis karan FI SIFATILLAH, lamun temen-temen wis mangkono keduweane rogo, kebisane rogo, kekuatane rogo iku tansah kanggo Arrohman-Arrohiim : kang nyatane, iku sepine pamrih. Katelu FAN DZAT : rogo ngrasa, mula gleger iku ora duweni, weruh kang darbeni dipasrahake diarani FAN DZAT sebab wis karan FIDZTATILLAH. Lamun wis temen mangkono iku nyatane manungsa duweni hak sing padha, nyatane lamun temen kabeh-kabeh wis mangkono anane mung tansah hormat-manghormati, sebab lamun kabeh wis mangkono : A pethuk B, iku pethuk ing Dzatulloh. B pethuk A iku pethuk ing Dzatulloh. Temen lamun wis mangkono, isine ayem tentrem. Gusti Alloh dhawuh kaya ing ngisor iki pahamen : (FAIDZAA NGALIMTA WA NGAMILTAHAA NGASALLOOHU ANYAJNGALAKA WAALIYAN MIN AULIYAAIHI WAAAMINAN MINAL AHWAALI WALAAFAATI FIDDUNYAA WAL AAKHIROH). Artine : Gusti Alloh dhawuh , para manungsa, mangka tatkala wis mangerti ing kasampurnanira, nyatae syare’at tarekat, hakekat, ing ma’rifat lan iku wis sira tindakake (gusti Alloh bakal ana bedane kaya dene wali kang wis dhisik-dhisik lan kabehane poncoboyo, ing jrone deso loro yakni slamet donyo lan akherat.

AJAK-AJAK GOLEK ILMU TAUKHID

Gusti Alloh dhawuh ing Al-Qur’an kaya iki surasane, ayo padha dibuktekake kang temen-temen :
1.WAL ‘ASRI : temen rikala zaman sekarat pati.
2.INAL INGSAANA LAFII KHUSSRIN : Setuhune para manungsa, tetep manggon ing alam kapitunan (rugi).
3.ILLAL LADZIINA AAMANUU (Bil Ghoibi) : ana dene kang ora tuna (tegese slamet), iku para manungsa kang padha percaya ing surasane Isim Ghoib (HU). WANGAMILUSH SHOOLIHAATI : lan padha gelem ajak-ajak kange sapa wae, golek nyatane Ilmu Taukhid (Isim Ghoib), diarani Ilmu Seklimah : ilmu slamet donyo akherat. Lamun wis mangerti panggah Qul HU aran langgeng muhung tauhid, slamet ing donyo : iki ora musrik, pungkasane ambegan mlebu di barengi (Hu), diarani HUSNUL KHOTIMAH : bagus pungkasane. Lamun pungkasane ambegan ora dibarengi maksude isim ghoib (utawa maksude ora ngrasa Kholiq, iku sing dirasa mesti mahluq, lamun mangkono iku aran SU-UL KHOTIMAH : ala pungkasane, lan mungguhe Alloh, iku diarani netepi ing dosa musrik. Gusti Alloh netepake ing anane dosa musrik mungguh oleh-olahane kaya dawuh iki : (WAMAIYUSRIK BILLAAHI FAQOD DHOLLA DHOLAALAN BANGIIDAA). Artine : Gusti Alloh dhawuh, sing sapa wange netepi ing dosa musrik, iku bakal ngalami kesasar kang adoh. Tanduke (DHOLLUN WA KHOTHOUN : sasar lan luput : ABADAN ABADIINA : ing selawase lawas). Mula ayo temen-temen manut ing dhawuhe Alloh : golek ilmu seklimah (Isim Ghoib : Hu), ilmu slamet donyo akherat cilik bodho bisa. Mung kang penting iku goleke sing dikersakake nerangake yaiku wujude Guru Wasitah, ing endi panggonane mungguhe Alloh, supaya digoleki.
4.WATAWAASHOUBISHOBRI : lan padha gelem betah, tahan uji netepi ing katerangan wrna telu kang wis katutur ing dhuwur iku, hingga ngarepake ing luwang landak. Kaya mangkono sampurnane : aran husnul khotimah : bagus pungkasane. Ayo enggal-enggal dibuktekake kang slamet mungguhe Alloh iki, pumpung during diurugi lemah. Gusti Alloh dhawuh ing Al-Qur’an, temen bektekna maksude dhawuh Alloh iki : (QUL INGKUNTUM TUHIBBUUNALLOOHA FATTABINGUUNII YUHBIBKUMULLOOHU WAYAGHFIRLAKUM DZUNUUBAKUM WALLOOHU GHOFUURUR ROHIM) Artine : Gusti Alloh dhawuh, He Muhammad utawa wakil-wakil ira, wujude Guru Wasitah. Sira dhawuhe marang para manungsa mangkene : He para manungsa, lamun temen-temen sira padha manut marang tindak-lampah Ingsun, lan wakil-wakil Ingsun, nyataeke Guru Wasitah, nyatane bukteake ing wose kitab 104 yaiku : Syareat, hakekat, tarekat, ma’rifat lamun ilmu amale wis sira bukteake sira ing golongan wali lan Gusti Alloh paring pangapura ing sekabehane dosa, setuhune Alloh iku luwih asih katimbang asihe wong kang padha asih kabeh. Gusti Alloh dhawuh ing Al-Qur’an iki surasane, ayo padha dibukteake kanthi temen-temen : (WALTAKUM MINGKUM UMMATHU YADNGUNA ILAAL KHOIRI WAYAKMUURUUNA BIL MA’RIFAT WA YAHAUNA NGANIL MUNGKARI WAULAA IKA HUMUL MUFLIHUUN). Artine : Gusti Alloh dhawuh para manungsa sira kabeh padha selem tansah ajak-ajak tumindak ing kebagusan, nyatane panggah Qul Hu aran panggah muhung tauhid : nyatane panggah ngrasa Kholiq. Bisane mangkono ayo padha golek ilmu tauhid (Isim Ghoib-Hu). Bisane mangerti ing isim ghoib–Hu, ayo padha golek Guru Wasitah, digoleki ngelingana ing dhamuh Alloh : (LAA BIWUSHULI ILLAA BIWASITHOTIN) Artine : Gusti Alloh dhawuh, sira kabeh ora bisa bali maring Alloh, nek ora gelem golek Guru Wasitah mangkono iku dhawuhe Alloh. Ayo padha diturut dhawuh Alloh iku Alam kang langgeng lamun ora bisa bali maring Alloh nyawane bakal kandeg ing donyo iki (aran kesasar) anane mung tansah nglambrang ing selawase-lawas. Temen pumpung isih ana wektu nyatane durung mati, wajib wis mangerti nggon keslametan pati nyatane ilmu seklimah, cilik bodho bisa. Gusti Alloh dhawuh : wong-wong sing padha selem ajak-ajak nuju ing keslametan nyatane ajak-ajak ngerteake ngambah dalan bisane bali maring Alloh, iku kabeh. Ayo padha temen-temen ditindakake pahamen temen temen pitutur iki. Kanggo tutur gunane :
1.Kanggo nuturi awake dhewe
2.Awake masyarakat lamun wis padha ngedhongi temen-temen.
Temen masyarakat anane mung ayem tentrem, iku sahwab barokahe kita tansah ngrasa ing wujud kang langgeng nyatane panggah Qul HU iku muhung tauhid.