Jumat, 03 April 2009

AJAK-AJAK GOLEK ILMU TAUKHID

Gusti Alloh dhawuh ing Al-Qur’an kaya iki surasane, ayo padha dibuktekake kang temen-temen :
1.WAL ‘ASRI : temen rikala zaman sekarat pati.
2.INAL INGSAANA LAFII KHUSSRIN : Setuhune para manungsa, tetep manggon ing alam kapitunan (rugi).
3.ILLAL LADZIINA AAMANUU (Bil Ghoibi) : ana dene kang ora tuna (tegese slamet), iku para manungsa kang padha percaya ing surasane Isim Ghoib (HU). WANGAMILUSH SHOOLIHAATI : lan padha gelem ajak-ajak kange sapa wae, golek nyatane Ilmu Taukhid (Isim Ghoib), diarani Ilmu Seklimah : ilmu slamet donyo akherat. Lamun wis mangerti panggah Qul HU aran langgeng muhung tauhid, slamet ing donyo : iki ora musrik, pungkasane ambegan mlebu di barengi (Hu), diarani HUSNUL KHOTIMAH : bagus pungkasane. Lamun pungkasane ambegan ora dibarengi maksude isim ghoib (utawa maksude ora ngrasa Kholiq, iku sing dirasa mesti mahluq, lamun mangkono iku aran SU-UL KHOTIMAH : ala pungkasane, lan mungguhe Alloh, iku diarani netepi ing dosa musrik. Gusti Alloh netepake ing anane dosa musrik mungguh oleh-olahane kaya dawuh iki : (WAMAIYUSRIK BILLAAHI FAQOD DHOLLA DHOLAALAN BANGIIDAA). Artine : Gusti Alloh dhawuh, sing sapa wange netepi ing dosa musrik, iku bakal ngalami kesasar kang adoh. Tanduke (DHOLLUN WA KHOTHOUN : sasar lan luput : ABADAN ABADIINA : ing selawase lawas). Mula ayo temen-temen manut ing dhawuhe Alloh : golek ilmu seklimah (Isim Ghoib : Hu), ilmu slamet donyo akherat cilik bodho bisa. Mung kang penting iku goleke sing dikersakake nerangake yaiku wujude Guru Wasitah, ing endi panggonane mungguhe Alloh, supaya digoleki.
4.WATAWAASHOUBISHOBRI : lan padha gelem betah, tahan uji netepi ing katerangan wrna telu kang wis katutur ing dhuwur iku, hingga ngarepake ing luwang landak. Kaya mangkono sampurnane : aran husnul khotimah : bagus pungkasane. Ayo enggal-enggal dibuktekake kang slamet mungguhe Alloh iki, pumpung during diurugi lemah. Gusti Alloh dhawuh ing Al-Qur’an, temen bektekna maksude dhawuh Alloh iki : (QUL INGKUNTUM TUHIBBUUNALLOOHA FATTABINGUUNII YUHBIBKUMULLOOHU WAYAGHFIRLAKUM DZUNUUBAKUM WALLOOHU GHOFUURUR ROHIM) Artine : Gusti Alloh dhawuh, He Muhammad utawa wakil-wakil ira, wujude Guru Wasitah. Sira dhawuhe marang para manungsa mangkene : He para manungsa, lamun temen-temen sira padha manut marang tindak-lampah Ingsun, lan wakil-wakil Ingsun, nyataeke Guru Wasitah, nyatane bukteake ing wose kitab 104 yaiku : Syareat, hakekat, tarekat, ma’rifat lamun ilmu amale wis sira bukteake sira ing golongan wali lan Gusti Alloh paring pangapura ing sekabehane dosa, setuhune Alloh iku luwih asih katimbang asihe wong kang padha asih kabeh. Gusti Alloh dhawuh ing Al-Qur’an iki surasane, ayo padha dibukteake kanthi temen-temen : (WALTAKUM MINGKUM UMMATHU YADNGUNA ILAAL KHOIRI WAYAKMUURUUNA BIL MA’RIFAT WA YAHAUNA NGANIL MUNGKARI WAULAA IKA HUMUL MUFLIHUUN). Artine : Gusti Alloh dhawuh para manungsa sira kabeh padha selem tansah ajak-ajak tumindak ing kebagusan, nyatane panggah Qul Hu aran panggah muhung tauhid : nyatane panggah ngrasa Kholiq. Bisane mangkono ayo padha golek ilmu tauhid (Isim Ghoib-Hu). Bisane mangerti ing isim ghoib–Hu, ayo padha golek Guru Wasitah, digoleki ngelingana ing dhamuh Alloh : (LAA BIWUSHULI ILLAA BIWASITHOTIN) Artine : Gusti Alloh dhawuh, sira kabeh ora bisa bali maring Alloh, nek ora gelem golek Guru Wasitah mangkono iku dhawuhe Alloh. Ayo padha diturut dhawuh Alloh iku Alam kang langgeng lamun ora bisa bali maring Alloh nyawane bakal kandeg ing donyo iki (aran kesasar) anane mung tansah nglambrang ing selawase-lawas. Temen pumpung isih ana wektu nyatane durung mati, wajib wis mangerti nggon keslametan pati nyatane ilmu seklimah, cilik bodho bisa. Gusti Alloh dhawuh : wong-wong sing padha selem ajak-ajak nuju ing keslametan nyatane ajak-ajak ngerteake ngambah dalan bisane bali maring Alloh, iku kabeh. Ayo padha temen-temen ditindakake pahamen temen temen pitutur iki. Kanggo tutur gunane :
1.Kanggo nuturi awake dhewe
2.Awake masyarakat lamun wis padha ngedhongi temen-temen.
Temen masyarakat anane mung ayem tentrem, iku sahwab barokahe kita tansah ngrasa ing wujud kang langgeng nyatane panggah Qul HU iku muhung tauhid.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar