Jumat, 03 April 2009

ATINE WONG MUKMIN OMAHE ALLOH

Lan sira padha mangertiya para manugnsa kang pada percaya ing surasane Isim Ghoib (Hu), (ALLAZINA YUKMINUUNA BIL GHOIBI) wong sing padha percaya ing Isim Ghoib iku, lamun wong lanang percaya ing surasane Isim Ghoib kaya mangkono iku diarani mukmin lanang. Lamun wong wadon iku percaya ing surasane Isim Ghoib, iku diarani mukmin wadon. Ano dene lamun ora percaya diarani muslimun-muslimat ngono wae. Mula temen-temen nek mukmin mesti muslim, nanging nek muslim, during mesti nek mukmin. Mangka Gusti Alloh djawuh kaya iki : (QOLBUL MUKMININ BAITULLOH). Artine : Gusti Alloh dhawuh, ana dene atine wong mukmin iku omahe Alloh, tegese ati nggon ngataake ing Pengeran, dzate kang asma Alloh, mula Alloh diarani Isim Dzat, Isim maknane jeneng anan dene Dzat maknane jenggeleng. Ana dene kang kagungan jenggeleg iku Pengeran, surasane Isim Ghoib ngatane. Gusti Alloh dhwuh ing Al-Qur’an (INNALLOHA MANGANAA AINAMAA KUNTA). Artine Alloh dhawuh, setuhune Alloh iku awor karo rasa nira, ana endi nggon sira kabeh padha manggon, nanging dudu manggon ing bokong. Ananging nyatane langgeng mlebune ambegan dibarengi Qul Hu, tegese langgeng dibarengi surasane Hu diarani langgeng muhung taukhid (kang dirasa mung tansah dzat wajibul wujud, dzat kang wajib wujude.
Nocoki ing anane dhawuh Alloh : supaya para manungsa padha bali maring Alloh. Nyatane wong munggah haji iku bener sampurna, amarga wus tumeka ing Baitulloh, maknane wis teka ing omahe Alloh. Ayo padha digunakake pikire-rasa kita, iku nyatane isih Hajar Aswad : maknane isih watu ireng. Mula lamun diangen-angen iku Baitulloh, isih majazi : maknane omahe Alloh isih pola, nyatane isih watu ireng. Nanging pola iku penting, misale gawe klambi during ihli, dadi ndeleng pola (conto) iku penting lamun klambi wis dadi pola ora kanggo. Sakdurunge dadi deleng pola iku penting.
Ana dene manggone ana ing sak dhuwure Bumi Mekah (nek wayang krucil, Mekah diarani Negara puser-bumi) ing sak dhuwure iku disebut ana watu watu gumantung tanpa cantelan : aran Baitulloh maknane omahe Alloh. Rehne nyatane isih Hajar Aswad (watu ireng). Dadi kita wajib mangerti ing Baitulloh kang temen-temen. Ngelingana ing dhawuh Alloh supaya padha bali maring Alloh. Ana Baitulloh majazi iku isih keblate muslimin lam muslimat.
Mula sira padha mangertiya Gusti Alloh dhawuh marang muslimin-muslimat, kaya iki : (THOLABUL NGILMI FARIIDHOTUN NGALAA KULLI MUSLIMIINA WAL MUSLINAATIN ATLUBUL NGILMA MINAL MAHDI ILAL LADHI). Artine : Gusti Alloh dhawuh, golek ilmu iku ferdu nganti ngarepake ana ing luwang landak. Gusti Alloh dhawuh mangkono. Njur kita angen-angen mahluq ya nyatane donya sak isine iku rusak fanak ora wujud diangen-angen kanthi permati, dadi anane dhawuhe Gusti Alloh surasane kalimah Hu, tur nyatane sejatine kholiq. Lamun wis bisa dong, nyatane golek ilmu taukhid, njur wajibe digoleki ing endi panggonane Guru Wasitah. Iku sing di kersak ake deneng Alloh nerangake nyatane ilmu taukhid (Isim Goib). Lamun diparingi mangerti ing surasane Isim Ghoib (Hu) dening Guru Wasitah, iku percaya lamun lanang aran mikmin lanang, lamun wadon (YUKMINUUNA BIL GHOIBI), percaya ing nyatane surasane Isim Ghoib (HU), iku diarani mukmin wadon. Ana dene nggon percaya ana ing ati. Gusti Alloh dhawuh : (ULBUL MUKMINIIN BAITULLOH) maknane : atine wong mukmin iku omahe Alloh, tegese ati nggon nyataake ing sejatine Pengeran : dzate (jenggelege) kanga ran Alloh. Mmmula Alloh diarani isim dzat, (isim = jeneng ; dzat = jenggeleg).

Tidak ada komentar:

Posting Komentar