Sabtu, 04 April 2009

MANUNGSA MUTTAQIN

Sira kabeh pada mangertiya : Alam Donya iki, ya nyatane jagat saisine, iku diarani mahluq, ya aran hawadits (anyar), ya aran se. Ana mahluq iku kabeh rusak, fanak, sejatine ora wujud. “KULLU SYAIIN HAALIKUN”. Artine : Gusti Alloh dhawuh, donya sak isine ya aran mahluq (se) iku rusak, ora wujud “ILLA WAJHAHU”. Artine : Gusti Alloh dhawuh, ana dhene kang wujud mung sejatine dzate Pengeran. Mula sira kabeh temen, lamun ora bisa bali marang Alloh, nyatane bakal nglambrang ing alam fana (donyo) iki ing selawase-lawas. Anane mung susah, nelangsa kang ora ana gunane, iku nyatane bakal ngambrang ing alam fana’ (donyo) iki ing selawase-lawas. Anane mung susah nelangso kang ora ono gunane, iku nyatane bebendu kang sinangga.
Mula pumpung isih ana wektu, durung diurugi lemah ragane, padha enggal-enggal manut dhawuhe Alloh golek Guru Wasitah supaya padha bisa bali maring Alloh, bias mangen ing Alam Baqok (Darul Baqo’) tegese manggen ing alam (desa) kang langgeng. Temen-temen manut ing dhawuh Alloh iku, cilik-bodho, nyatane Ilmu Taukhid (Isim Goib): ya nyatane sirasane kalimah Hu, iku diarani Ilmu Seklimah : ilmu keslametan donyo akherat : ya diarani Ilmu Keslametan Pati. cilik bodho bias nyatane tumrap seklimah mung seklimah. Iku diwuruk diparingi ngerti panggonane. Misale Omah diparingi mangerti iki omahmu, panggonane ing kene iki. Sira langgengo ana ing sajrone omah iki, misale mangkono.
Mula temen, nek manut ing dhawuh Alloh, cilik-bodho bias. Gusti Alloh dhawuh ing Al-Qur’an, sing diparingi Hudan (tegese slamet donyo hinggo ing akherat) iku para manungsa kang pada percaya ing wujujude Ilmu Taukhid (Isim Goib) : ya nyatane surasane kalimah Hu kaya dhawuh iki nyatane :
(HUDAL LILMUTTAQIINA, ALLADZIINAYUKMINUUNA BILQHOIBI WA YUQIIMUUNASH SHOLAATA WA MIMMAA RAZAQNAAHUM YUNG FIQUN). Artine : Gusti Alloh dhawuh, para manungsa sira kabeh padha mangertiya, wujude pituduh ingsung paringake marang muttaqiin. Ana dene kang ingsun sebut muttaqiin, iku para manungsa kang pada percaya ya ing surasane kalimah Isim Ghoib, nyatane maksude Hu. (ALLADZINAYUKMINUUNA BILGHOIBI) ya diarani ilmu seklimah (Ilmu Taukhid), iya Isim Ghoib : diarani Ilmu Seklimah : ilmu keslametan pati, cilik-bodho bias. pada ngelingana mati iku patutan cilik, gedhe, tuwa, enom, patut. Mula golek ilmu seklimah keslametan pati, iku ya patutan (FAIDZAA JAA-A AJALUHUM LAAYASTAKHIRUNA SAANGATAN WA LAAYASTA DHIMUUNA). Artine : Gusti Alloh dhawuh, para manungsa sira kabeh pada mangertiya, lamun ajal pati iku wus ditetakake lan ora bisa ngajokake. Mula ayo temen-temen sakdurunge ajal pati teka, pada enggal-enggal golek ilmu seklimah, ilmu keslametan pati iku.
Ngelingana lamun ora bisa bali maring Alloh nyawane bekal ngambrang ing alam donyo (fanak) ing selawase-lawas lan diarani sasar (Anadene bisamu mangerti ing Isim Ghoib iku, buktekna dhawuh Alloh iki : (WABTAGHUU ILAIHIL WASIILAH). Artine : Gusti Alloh dhawuh, para manungsa sira kabeh pada goleko Guru Wasitah, ben mangerti kang ingsun kersaake surasane Isim Ghoib.
Lamun wus diparingi mangerti dening Guru Wasitah ing surasane Isim Ghoib, olehe ngangge cocoke dhawuh Alloh (Qul Hu) tegese : rina lan wengi melbune ambegan, supaya langgeng tansah dibarengi maksude Isim Ghoib (Hu), diarani panggah muhung taukhid ; tegese tansah mligi sing dirasa mung dzat kang wajib wujude kang aran (HAYYUN BILLAA RUUHIN BAL BIHAYAATIHI) ya surasane Isim Ghiob iku, kaya mengkono aja pisan-pisan benggang. Guru Wasitah kejaba aweh mangerti ing gatine Isim Ghoib lan cara-carane olehe nindakake, nuntun ngakeh-ngakehake tumindak sholat, lan ngakeh-ngakehhake gawe amal sholeh.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar