Jumat, 03 April 2009

MANUNGSA KANG SAMPURNA

Sira kabeh padha mangertiya : Gusti Alloh nurunake Kitab akehe 104, iku nyatane mengku werdi gati werna papat : 1. Syare’at, 2. Tarekat, 3. Hakekat, 4. Ma’rifat. Ana wus werna papat iku mungguhe Alloh, minongko dadi resep ngopeni olehe titip nyatane werna papat iku. Pahaman ! kaya ngisor iki :
1. (ASYSYARINGATU FI’LUL JASADI FAQOD). Artine : Gusti Alloh dhawur, para manungsa, sira kabeh padha mangertiya kanga ran syare’at nyatane sahadat, sholat, zakat, poso, haji iku tata cara ngopeni jasad, ana utawa tumindak kang wajib nindakake jasad, ana dene wong munggah haji bola-baliya arane tetp syare’at, iku bener terang sampurna, nocoki dhawuh Alloh : supaya padha bali maring Alloh. Nyatane wong kang munggah haji wis teka ing Baitulloh : maknane isih (hajar aswad) maknane isih watu ireng, dadi terang angen-angen dithokkake iku terang omahe Alloh isih pola, nyatane isih watu ireng.
Ngelingi ing dhawuh Alloh supaya pada bali maring Alloh, kita wajib mangertiya ing baitulloh (omahe Alloh) kang temen-temen, mula sira padha mangertiya, kiblate baitulloh majazi. Omahe Alloh maknane isih pola (conto) nyatane isih (hajar aswad/watu ireng) iku, ana dene iku sampurna netepi rukun Islam lima, diarani muslimin-mislimat, rehne Baitulloh muslimin-muslimat iku isi majazi (pola), Gusti Alloh isih dhawuh ing muslimin-muslimat kaya iki : (THOLABUL ‘ILMI FARIDHOTUN NGALAA KULLI MUSLIMIIN WAL MUSLIMAATIN MINAL MAHDI ILAL LAHDI). Artine : Gusti Alloh dhawuh, golek ilmu iku ferdhu, mungguhe wong Islam lanang lan wong Islam wadon, awit songko bandulan, nganti ngarepake mlebu ing luang landak. Nanging padha mangertiya, jagat sak isine (donya) ya aran mahluk iku rusak fanak (ora wujud). Ana dene kang wujud iku sejatine among dzate Pengeran mula anane dhawuh Alloh golek ilmu iku ferdhu, iku sejatine golek ilmu taukhid, ing Al-Qur’an aran ilmu Isim Ghoib ya maksude HU, iku sejatine Kholiq.
Aja lali ing dhawuh Alloh, bisane mangertu ing Isim Ghoib, wajib golek Guru Wasitah, ing maksude Isim Ghoib, iku yukminuuna bil ghoibi (percaya ing surasane isim ghoib : HU). Lamun lanang diarani mukmin lanang, lamun wadon diarani mukmin wadon. Pangenan percaya iku ana ing ati, Gusti Alloh dhawuh : (QOLBUL MUKMININ BAITULLOH) maknane : atine wong mukmin, iku omahe Alloh, tegese ati anggon nyatakake ign Pengeran, dzat (gleger) kanga ran Alloh. Mula Alloh iku diarani isim dzat (Isim = jeneng ; dzat = gleger), dadi nyatane Pengeran iku dzate (gleger) diarani Alloh, iku pahamen temen-temen.
2. (WATHORIQOTU FI’LUL QULUB). Artine : Gusti Alloh dhawuh, ana dene kanga ran-aran tharekat iku tata carane ngopeni Ati utawa tumindak kang wajib nindakake ya iku ati, aran iman. Nanging ora kaya imane wong awam (umum) nyatane rina lan wengi, mlebune ambegan langgeng dibarengi HU (Qul Hu), iku aran panggah muhung taukhid, panggah langgeng ing anane ngrasa ing dzate wajibul wujud (dzate kang sejatine wujud). Temen ora mangerti, lamun durung manut ing dhawuh Alloh golek Guru Wasitah, nyatane ciri-ciri Guru Wasitah :
1.Salah sijine manungsa, kang dikersakake dening Alloh nerangake nyatane ilmu taukhid.
2.Pedoman Al-Qur’an hadits, ijma’ lan qiyas.
3.Diparing deing Alloh, nyatane werna papat : a) Mursidin, b) Murbihin, c) Nasihin, d)Kamilin.
Ana dene kaping telune sampurnane manungsa kaya ing ngisor iki :
3.(WALHAQOIQOTU FI’LUL RUUHI). Gusti Alloh dhawuh : ana dene kang aran haqeqat iku tata cara ngopeni roh, utawa tuminak, kang wajib nindakake yaiku Roharan taukhid. Nyatane rina lan wengi roh tansah jenggleng ngataake ing dzate (jenggelege Pengeran).
4.(WALMA’RIFATU FI’LUL SIRRI). Gusti Alloh dhawuh ana dene aran ma’rifat, iku tata cara ngopeni rasa, utawa tumindak kang wajib nindakake yaiku rasa : aran ma’rifat, nyatane rasa rina lan wengi, panggah jenggleg nyatakake ing sejatine Pengeran. Ana dene lamun wus yaqin (nyata), iku lagi bias buktek ake ing dhawuh Alloh iki : (WALAA TAMUUTUNNA ILLAA WANTUM MUSLIMUUN), KANG MAKSUDE : Gusti Alloh dhawuh : para manungsa, sira kabeh aja pisan-pisan mati wajib (diurugi lemah ragane), lamun sira kabeh durung bias pasrah. Lamun temen wis yaqin olehe ma’rifat maring Alloh : lamun temen wis yaqin olehe ma’rifat maring Alloh : raga ngrasa, temen obah osik iku ora darbeni. Weruh kang darbeni dipasrahake, iku diarani FAN AF’AL : kerana wis kerem Fi Af’alillah. Lamun wis temen-temen mongko, obah-osike raga iku mung tansah kanggo ing untunge masyarakat (tegese anane kanggo ing kebagusan). Kapindo aran FAN SIFAT nyatane : keduweanane rogo, kebisane raga kekuatane raga, raga ngarasa ora darbeni dipasrahake kang darbeni nyatane Pengeran. Kaya mangkono diarani FAN SIFAT sebab wis karan FI SIFATILLAH, lamun temen-temen wis mangkono keduweane rogo, kebisane rogo, kekuatane rogo iku tansah kanggo Arrohman-Arrohiim : kang nyatane, iku sepine pamrih. Katelu FAN DZAT : rogo ngrasa, mula gleger iku ora duweni, weruh kang darbeni dipasrahake diarani FAN DZAT sebab wis karan FIDZTATILLAH. Lamun wis temen mangkono iku nyatane manungsa duweni hak sing padha, nyatane lamun temen kabeh-kabeh wis mangkono anane mung tansah hormat-manghormati, sebab lamun kabeh wis mangkono : A pethuk B, iku pethuk ing Dzatulloh. B pethuk A iku pethuk ing Dzatulloh. Temen lamun wis mangkono, isine ayem tentrem. Gusti Alloh dhawuh kaya ing ngisor iki pahamen : (FAIDZAA NGALIMTA WA NGAMILTAHAA NGASALLOOHU ANYAJNGALAKA WAALIYAN MIN AULIYAAIHI WAAAMINAN MINAL AHWAALI WALAAFAATI FIDDUNYAA WAL AAKHIROH). Artine : Gusti Alloh dhawuh , para manungsa, mangka tatkala wis mangerti ing kasampurnanira, nyatae syare’at tarekat, hakekat, ing ma’rifat lan iku wis sira tindakake (gusti Alloh bakal ana bedane kaya dene wali kang wis dhisik-dhisik lan kabehane poncoboyo, ing jrone deso loro yakni slamet donyo lan akherat.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar